gajah mada1

(2)

Dening: Anung Winoto

Sifat utawa watake Gajah Mada uga beda-beda ing maneka warna karya sasatra iku. Ing Negarakretagama cetha yen ngemot sifat kang sarwa becik. Sekabehing sipat becik ana ing diri pribadine Gajah Mada. Apamaneh sing geagyutan karo kalungguhane minangka Patih ing Majapait. Crita bab perang Bubat malah ora kacarita kayadene ing Pararaton. Nagarakretagama ora nulis anane paprangan klawan wong Sunda.

Dene yen Pararaton watak wantune Gajah Mada diandharake krana sesidheman lan malah rada ora katon. Mula kahanan ini ndadekake maneka warna tepsir. Biyen sadurunge dadi patih, Mada digambarake dadi pawongan sing golek kalungguhan kathi maneka warna cara lan intrik lan nganggo cara apa wae kanggo nggayuh pepinginane. “Dheweke wis tanpa ngetung nyawa babar pisan, kraa alesan bab iku kanggo njaga kawibawane ratu lan nagara.

Bab kang mangkono iku uga katon ing Kidung Sunda. Ing perangan awal disebutake manawa Gajah Mada iku duwe bebuden ora becik. Gajah Mada iku asor budine, jahat, culika, lan ora duwe rasa kamanungsan. Upamane, kiriman panganan kanggo wong-wong Sunda sing teka menyang Majapait dikandhegake, kamangka tekane kanggo paseduluran, dudu pengin memungsuhan.

Pehak Sunda mbiji manawa Gajah ada iku pawongan sing seneng apus-apus, mbenjani janji, lan culika. Senajan mangkono, isih diwenehei gegambaran, Gajah Mada kuwi uga duwe watak becik, kayadene anggone mbela kawibawane Ratu Gustine. Gegambaran watak kang becik upamane, Gajah mada disebutake dadi manungsa kang wis dhuwur banget ing bab kawruh kasunyatan, merga diandharake manawa dheweke busa ngreti lan nemtokake kapan dheweke bakal ninggalake alam donya tumuju marang alam kasampurnan minangka titisaning Wisnu.

Lha, ing Hikayat Hang Tuah gegambaran watake Gajah Mada saya jero, utamane watak culikane. Pancen ing kono pengin nggambarake katiyasane lan kaluhuran budine Hang Tuah sing mujudake manggala yudana tentara Malaka, dene Gajah Mada digambarake watak culikane. Ora liya ya kanggo ngatonake manawa Hang Tuah iku luwih luhur tinimbang Gajah Mada. Ya mesthi wae mangkono, wong Hikayat hang Tuah iku gaweane wong Melayu. Bab iki bisa diarani dadi oposisine antara Melayu lan Jawa.

Ceritane, nalika semana Ratu malaka pengin ngepek garwa putrane Ratu Majapait, mula banjur utusan rombongan kanggo nglamar. Ing rombongan iku klebu manggala yuda Hang Tuah. Patih Kerma Wijaya saka Malaka kandha: “Adapun pekerjaan kita ini hasillah lakunya, tetapi kita ini ingat-ingat, kerana Pateh Gajah Mada ini banyak mainnya.” (Pakaryan kita wis kasil, nanging kit akudu ngeling-lan waspada, merga patih Gajah Mada iku akeh aka-akalane.)

Nalika wis ditampa ing Majapait, Hang Tuah banjur rumangsa kudu ngati-ati, merga nganggep yen Gajah Mada kuwi urik lan culika. “Adapun kita lihat lakunya Gajah Mada ini; banyak mainnya terlalu pulun orangnya.” (Yen kita waspadakake tindak tanduke Gajah Masa iku; akeh akal-akalane lan dheweke culika banget.)

Hikayat Hang Tuah banjur nerusake critane manwa Ratu Majapait mirsani Ratu Malaka dijaga rapet dening Hang Tuah lan kancane papat. Mula Raja Majapait njaluk patine Hang Tuah marang Gajah Mada. Parentah iku enggal ditindakake nganggo sawijining akal-akalan, nanging gagal. Gajah mada ora nglokro, golek cara liya. “Adapun pekerjaan anak-anda juga tuanku bicarakan, supaya main kita jangan ketara, kerana Melayu ini bijaksana,” ujare Gajah Mada.
Niat meteni Hang Tuah isih diterusake, Gajah Mada golek kalodhangan sing becik yaiku nalika dina pahargyan temanten Putri Majapait lan Malaka iku. Nangig upayane Gajah mada sepisan iki uga gagal maneh merga Hang Tuah pancen tansah gagah pideksa lan sentosa pinter ngadhepi bebaya.

Makaping-kaping Gajah Mada golek akal anggone pengin mateni Hang Tuah, nanging tansah luput. Mula Hang Tuah banjur crita marang Ratune: “Ya tuanku, Pateh Gajah Mada beroleh kemaluan sedikit sebab perbuatannya. Jikalau lain daripada hamba, entah kembali entah tiada kembali, siapa tahu, Duli Yang Dipertuan ka Melaka.” (Inggih Gusti, Patih Gajah Mada pikantuk wirang sekedhik, sebab pokaldamelipun piyambak. Menawi sanesipun kula, duka saged wangsul punpa boten, sinten mangertos Gusti.”)

Mangkono, saben paraga agung pancen saya gedhe saya akeh gegambarane, saya akeh sing nyengkuyung, uga saya akeh sing ora seneng lan gawe crita sing ora-ora. Kabeh, sumangga kersa para maos kabeh. ***

 

 

 

TINGGALKAN KOMENTAR