gajah mada

Dening: Anung Winoto

(1)

GAJAH Mada mujudake wong agung sing wis kawentar. Minangka tokoh agung, lumrah yen ana sing tansah ngagung-agungake, nanging uga nacad kana kene.

Gajah Mada minangka wong agung kang kondhang wis dadi sumber crita kang tansah narik kawigaten. Ing Jawa ana Negarakretagama, Pararaton, Kidung Sunda, dene ing Melayu kamot ing Hikayat Hang Tuah, ing Kalimantan kamot ing Hikayat Banjar.

Gambaran umume, Gajah Mada iku mujudake tokoh gedhe, sawijining patih (perdana menteri) agung Majapait. Agunge Gajah mada utamane merga kawicaksanane lan tandang-grayange nungkulake krajan-krajan ing Nuswantara.

Beda-beda carane pangripta karya sastra anggone martakake kaunggulane Gajah Mada. Mpu Prapanca ing Nagarakretagama lan pangripta Pararaton kanthi CARA sesidheman ana sing ngandharake kombule Gajah Mada, YAIKU NALIKA Gajah mada wis tlar donya, ngnati telung taun kalungguhan patih iku isih tetep dilowongake dening Sang Prabu Hayam Wuruk. “Mula banjur bisa dikandhakake manawa Gajah Mada anggone Gajah Mada dadi patih nganti mataun-taun iku sabanjure angel banget yen nggolekake gantine.

Ing Kidung Sunda sing mawa basa Jawa Tengahan iku diandharake kanthi cetha bangat manawa Gajah Mada nduweni andhil kakuwasan kang gedhe banget lan banget nemtokake. Minangka patih pranyata bisa ngowahi sabda pangandikan, pepinginan, lan kaputusane Sang Prabu. Minangka patih, Gajah mada bisa nindakake kawicaknasan nagara, bisa tumindak miturut karepe tanpa mretung rasa-pangrasane Ratu.

Kaya sing tinulis nalika Sang Prabu Hayam Wuruk wis sumadya arep mapak Putri Pajajaran Dyah Pitaloka, nanging Gajah Mada menggak Ratune. Kamangka ing kono wis ginambarake manawa Sang Prabu wis ngendika, sapa wae ngalang-alangi kekarepane dhaup karo Putri Sunda iku bakal dadi mungsuhe.

“Kuneng ken Gajah mada tan atut eng gati, adoh guyunira mingel tur akecap. Sakweh ing mantri aseba wruh ing inggita ni rakryan apatih, rinasa tan manut ing hyunira Sri Naranatha, solah swabhawa tan kading dangu-dangu, awetu kemengan ing ati, sakweh wong anangkil.” (Namu Gajah Mada ora sarujuk, babar pisan ora guyon, banjur gedheg-gedheg la mocap. Sekabehe mantri sing ngadhep ngreti solah bawane sang Patih, katon yen ora sarujuk maang pepinginane Sang Prabu, sikepe ora kaya sing wis-uwis, mula ndadekake atine wong-wong sing seba dadi wedi.)

Gajah Mada banjur matur, Sang Prabu aja mapag Putri Sunda iku, nanging Gajah Mada matur, ora ilok yen Ratu Agung Majapait sing mapag, merga Ratu Sunda lan putrine iku mara dianggep dadi telukan. Yen Sang Prabu mapag, mengko mesthi bakal ngoweahi kawicaksanan, lan bakal ditiru krajan-krajan liya sing wis padha nungkul. Sang Prabu manut sekabehe ature Gajah mada, ing wusana malah dadi perang bubat lan jejodhoan karo Dyah Pitaloka ora sida klakon, merga sang Putri pralaya suduk slira.

Liya maneh kang tinulis ing Hikayat Banjar Ing kono digambarake manawa Gajah Mada minangka patih sig makili sekabehing urusane ratu. Sekabehing urusan karo ratu kudu liwat Gajah Mada dhisik, merga dheweke minangka wakili ratu. Yen Ratu win nemtokake, Gajah Mada sing ngleksanani lan tanggung-jawab ing sekabehane pakaryane.

Sauntara iku ing Hikayat Hang Tuah digambarake manawa Gajah Mada iku mujudake paraga agung sing ora kena diremehake pepinginane. Yen ana apa-apa, Sang Prabu tansah njaluk tetimbangan marang Gajah Mada, sekabehing usul lan pamawase didhahar Sang Prabu.

“Adapun hamba dengar khabarnya Pateh Gajah Mada itu menteri besar, beberapa raja-raja di bawah dan Bentara Majapahit itu tiada dapat melalui barang sembahnya dan beribu-ribu penjurit yang kepetangan yang dipeliharakan diberinya musara pagi petang dan diberinya makan dan pakaiannya,” (Hikayat Hang Tuah).

Dene sesambungane Gajah Mada karo Ratune ing maneka warna karya sastra iku uga beda-beda. Ing Negarakretagama diandharake manawa dheweke sing mujudake patih Majapait iku banget bektine marang Sang Nata. Ing Pararaton sesambungane Gajah Mada karo Sang Prabu wis kedaden malah sadurunge Gajah Mada durung dadi patih. Minangka kepala tentara pangawal Raja, dheweke nuduhake siep setya tuhune.

Dene ing Kidung Sunda bekti lan setya tuhune diwujudake kanggo neguhake kawibawane Ratu. Wondene ing Hikayat Banjar, sesambungan iku digambarake manawa Gajah Mada luwih akeh katon dadi paranpara (penasihat) tumrap Sang Prabu. Upamane, nalika nampa Lambu Mangkurat, Sang Prabu mundhut pamawase Gajah Mada.

Yen ing Hikayat Hang Tuah, Gajah Mada digambarake manawa dheweke mujudake pawongan kang gagah pideksa wani ing sembarang kalir kanggo Ratu Gustine. Kanthi cara apa wae ditindakake jer iku kanggo setya tuhu nindakake prentahe Sang Prabu, kayadene nalika Sang Prabu marentahake supaya Gajah Mada mateni Hang Tuah sing nembe teka menyang Majapait. (ana candhake)

TINGGALKAN KOMENTAR